Sunday, July 27, 2014

CONTOH IKRAR SYAWALAN BAHASA JAWA


Ok, saya mau sharing nih contoh ikrar syawalan bahasa jawa yang biasanya dibacain untuk ditirukan jamaah di sebuah kampung atau dusun saat acara syawalan. hehe dari pada bingung langsung cekidot Gan..

IKRAR HALAL BI HALAL

Bismillaahirrahmaanirrakhiim.
Kula sedaya, warga ageng masyarakat Dusun nama_kampung, saha sedaya ingkang lenggah, ing papan menika, kanthi eklasing manah, keparenga ngaturaken, ikrar halal bi halal.

Atur ingkang sepisan, dhumateng ngarsanipun, ingkang kaleres sepuh, saha ingkang kasepuhaken, kula ngaturaken, sungkem pangabekti. Shumateng sesami-sami, kula ngaturaken, salam ta’lim. Dhumateng ingkang kaleres enem, kula ngaturaken, sih katresnan saha donga pangestu.

Atur kaping kalih, kula ngaturaken, Sugeng Riyadi Fitri 1435 Hijriah, kairing atur, taqobbalallohu minna wa minkum, taqobbal yaa kariim, minal aidzin, wal faidzin.
Atur kaping tiga, kula ngaturaken, sedaya kalepatan kula, lampah setindak, wiraos saklimah, ingkang kasengaja, saha ingkang taksih kabatin, ingkang sedaya wau, boten pikantuk, idining sarak agami, mugi-mugi panjenengan sedaya, kersa paring pangapunten, dhumateng kula.

Kosok wangsulipun, mbok bilih panjenengan, kagungan kelepatan dhumateng kula, kula lega lila, caos pangapunten, sedaya kelepatan panjenengan, ingkang tumanduk, dhumateng kula. Mugi-mugi Gusti Alloh, ngijabahi panuwun kita. Aamiin.

Alhamdulillaahi rabbil a'lamin.

Ya diatas itu adalah contoh dari ikrar syawalan bahasa jawa yang mungkin jarang ditemukan. buat teman-teman yang butuh silakan bisa dijadikan refernsi.